Cerkak


24 Agustus 2018 435 Kali Dilihat Bagikan ke WhatsApp

Apa tegese Cerkak?

Kasusastran Jawa sing ana ing masarakat wujude ana telu, yaiku gancaran, geguritan, lan drama/sandiwara. Gancaran minangka salah sawijining bentuk sastra kang wujude bebas yaiku ora kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra kaya ing tembang. Apa ding diarani cerkak? kaya ngapa titikane cerkak?

Download Materi Powerpoint

Unsur-unsur Cerkak
Cerkak nduwe maneka warna unsur sing nyangga supaya cerkak iku isa dadi apik. Cerkak isa dipadhakake kaya dene umah. Anane umah sing ngadeg temtu nduwe maneka warna unsur sing sa marakake umah mau bisa ngadeg, kayata pondasi, beton, tembok, lan sapiturute. Semono uga cerkak mesthi nduwe unsur-unsur sing nyengkuyung supaya isa dadi cerkak sing apik lan endah. Sakjane apa wae ta unsur-unsur cerkak kuwi? ana pira ta gunggung unsur-unsure?

Download Materi Powerpoint

Apresiasi, Nulis, lan SInopsis Cerkak
Apresiasi sastra isa minangka sawijining tandha menawa sastra iku ditampa dening pamaca. Apik apa ora isi sawijining cerkak iku sing mbiji para pamaca, dudu panulis. Mengapresi ora mung winates maca banjur ngandharake kurang lan luwihe nanging uga kaya ngapa sabanjure (upamane tumindake) sakwise maca cerkak kuwi mau.

Download Materi Powerpoint

RINGKESAN

  1. Sastra asale saka basa Sansekerta yaiku tembung ‘ças’ kang tegese pituduh utawa instruksi sarta ‘tra’ kang tegese piranti.
  2. Sastra tegese piranti kanggo weneh pituduh kanggo wong liya.
  3. Sastra Jawa yaiku sastra kang tinulis nganggo basa Jawa. Sastra iki madeg ana ing antarane masarakat Jawa lan tinulis nganggo basa Jawa.
  4. Sastra Jawa kang ana ing masarakat wujude ana telu, yaiku gancaran, geguritan, lan drama/sandiwara.
  5. Gancaran minangka salah sawijining bentuk sastra kang wujude bebas yaiku ora kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra kaya ing tembang.
  6. Tembung cerkak karakit saka tembung ceriyos lan cekak.
  7. Tembung cerkak uga ana sing ngarani crikak yaiku tembung sing karakit saka tembung crita/criyos lan cekak.
  8. Cerkak yaiku salah sawijining bentuk gancaran kang tinulis amung cekak, cacahe tembung winates, lan mung ngemot saperkara.
    unsur intrinsik cerkak yaiku tema, plot, watake paraga, latar/setting, sudut pandang, pamilihing basa, lan piwulang”.
  9. Tema yaiku panemu pokok ana ing cerkak.
  10. Plot utawa alur yaiku urutane kadadean ana ing cerkak, sinawang saka wiwitan tekan pungkasan.
  11. Adate cerkak kalakon kanthi urutan  orientasi, komplikasi, klimaks, anti klimaks, lan pungkasan.
  12. Unsur ekstrinsik ana ing cerkak iso sinawang saka telung kahanan yaiku saka pengarang, kahanan sing maca, lan kahanan panggon nalika ngarang.
  13. Orientasi yaiku perangane cerkak kang isine njlentrehake babagan paraga lan setting crita,
  14. Komplikasi yaiku perangane cerkak nalika wiwit ana prakara. Prakara kang sadurunge biasa-biasa wae suwe-suwe dadi saya ruwet.
  15. Klimaks yaiku perangane cerkak kang nuduhake prakara sing ana wus parah banget.
  16. Prakara ing cerkak wus ana ing bagian puncak-puncake.
  17. Anti klimaks yaiku perangane cerkak kang nggambarake kahanan nalika wis ditemokake cara kanggo ngrampungake prakara. Prakara kang ruwet banget suwe-suwe saya lerem.
  18. Pungkasan yaiku perangane cerkak minangka pungkasane crita. Prakara kang ana ing crita wisa bisa dirampungake. Ing bagian iki uga bisa ditambah koda yaiku piwulang becik kanggo pamaca.
  19. Paraga ana ing cerkak bisa kaperang dadi telu, yaiku protagonis, antagonis, lan tritagonis.
  20. Protagonis yaiku paraga utama ana ing cerkak. Adate paraga iku duwe sipat kang becik.
  21. Antagonis ana ing cerkak digambarake minangka paraga kang nglawan protagonist.
  22. Tritagonis yaiku paraga kang ana ing tengah-tengahe protagonis lan antagonis.
  23. Latar/setting yaiku papan kang bisa nggambarake kahanan ana ing cerkak.
  24. Setting/latar ana ing cerkak ora mung bisa ngandharake panggonan, ananging uga bisa ngandharake wektu.
  25. Sudut pandang ana ing cerkak yaiku carane panulis mapanake paraga utama ing carita manut panemune.
  26. Sudut pandang iku dipadhetake dadi telu, yaiku panulis minangka paraga utama, panulis minangka wong katelu, lan panulis minangka wong kang ngerti kabeh.
  27. Sudut pandang panulis minangka paraga utama utawa wong kapisan digunakake nalika panulis ngecakake awake dhewe dadi paraga utama ana ing crita. Titikane panganggo sudut pandang iki yaiku anane tembung “aku” ana ing cerkak.
  28. Sudut pandang panulis minangka wong katelu yaiku nalika panulis ngecakake awake dhewe ana ing jaba crita, ora dadi paraga. Titikan panganggone sudut pandang iki yaiku panulis anggone nggambarake paraga utama nganggo tembung dheweke, deknen, utawa nyebutake jenenge paraga iku mau.
  29. Sudut pandang kang duwe kuasa yaiku sudut pandang kang digunakake nalika panulis mapanake awake dhewe minangka wong kang ngerti kabeh ana carita.
  30. Apresiasi iku ora mung maca asil sastra banjur uwis ngono wae. Ngapresiasi cerkak iku bisa kalakon menawa sabubare maca cerkak, pamaca banjur nglakoni pakaryan-pakaryan tartamtu amarga oleh pengaruh saka cerkak kang diwaca iku.
  31. Urut-urutane apresiasi cerkak yaiku (1) nyenengi, (2) menikmati, (3) nanggepi, (4) ngasilake, lan (5) implikasi.
  32. Nulis cerkak iku bisa diarani nulis narasi sing cendhak.
  33. Rumus kang bisa digunakake nalika nulis cerkak yaiku 5W + 1H. Rumus kasebut menawa dipantha-pantha kasususun saka unsur who, what, why, where, when lan how. Menawa dijawakake rumus anggone nulis cerkak iku kudu ngemot sapa, apa, kena apa, ing endi, kapan, lan kepiye.
  34. Sinopsis cerkak yaiku ringkesan saka cerkak sing diwaca.

Sumber: MODUL MATERI PPG