Tembang Macapat


24 Agustus 2018 488 Kali Dilihat Bagikan ke WhatsApp

Apa teges lan guna Tembang Macapat?

Tembung "tembang" kalebu leksikon basa Jawa ngoko, basa kramane "sekar" lan "sekar" uga nduweni teges "kembang", gumantung gegayutaning ukara.

Tuladha: Kula nembe gladhen sekar macapat Mijil. Ibu nembe mundhut sekar Mlathi wonten peken.

Wondene "macapat" mujudake sawijining jinising tembang kang ana lan sumebar ing tanah Jawa. Tembang utawa "kagunan seni" mujudake kasiling basa sing edi lan endah , sing wujude rerangkening tembung-tembung kang kawengku pranatan-pranatan kang gumathok, yaiku "lagu".

Jalaran tembang iku mujudake wujuding karangan kang didhasari lagu utawa metrum. Jinising tembang kuwi akeh banget, kayata: tembang Gedhe ‘sekar Ageng’, tembang Tengahan, tembang Cilik ‘sekar Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk.

Ing buku Mardawalagu anggitane Raden Ngabehi Ranggawarsita, diandharake apa sebabe
diarani "tembang macapat", jalaran:
a. Wacan kapisan ngemot "Sekar Ageng/ Tembang Gedhe"
b. Wacan kapindho ngemot "Tembang Gedhe"
c. Wacan kaping telu "Tembang Tengahan"
d. Wacan kaping papat ngemot "Tembang Alit utawa Sekar Macapat.

DOWNLOAD MATERI TEMBANG MACAPAT

Materi 1

Praktek Tembang Macapat
Tembang macapat iku sejatine kalebu puisi tradisional tegese, nduwe paugeran-paugeran tartamtu. Kajaba kuwi, tembang macapat ugi nduweni sipat/watak lan sasmita. Sabanjure anggone nglagokake uga kudu miturut paugeran-paugeran tartamtu.

DOWNLOAD MATERI TEMBANG MACAPAT

Materi 2

Makna lan Filosofine Tembang macapat lan Tengahan
Minangka sawijining wujud kasusastran Jawa, tembang macapat ngemot makna-makna filosofis lan mesthi nduwe guna utawa mupangat.

DOWNLOAD MATERI TEMBANG MACAPAT

Materi 3

DOWNLOAD MATERI TEMBANG MACAPAT PDF

Materi Tembang Macapat PDF

RANGKUMAN
Tembang macapat mujudaken peranganing budaya lan kasusastran Jawa, sarta tembang macapat ana kang awujud lisan lan  tulisan. Tembang macapat iku dianggit mula bukane kanthi ancas/ pangajab ditembangake lan dirungokake/ dimidhangetake, jalaran masyarakat Jawa tradisional iku dhasare padha luwih seneng ngrungokake katimbang sinau dhewe. Teges utawa maknane tembang macapat iku maneka warna werdine, kang surasane kabeh bener lan bisa tinampa kanthi nalar. Kang nyipta tembang macapat iku walisanga ing pungkasaning karaton Majapahit akhir abad 15 Masehi. Wondene cacah utawa  gunggunge tembang macapat iku antarane para sarjana, para winasis siji lan sijine ora padha; nanging kang lumrah lan sumebar ing masyarakat, cacahing tembang macapat iku ana 11 (sewelas). Mula gunane tembang macapat, saliyane supaya ditembangake; uga kanggo salah sawijining  sarana nyimpen/ ndokumentasi  prakara-prakara kang penting banget nganggo wujud tembang macapat; pamrihe bisa nggampangake pangeling-eling lan kanggo nyenengane kang padha maca. Sajroning tembang macapat iku ngemot pitutur, piwulanging urip kang akeh banget; kayata: "pitutur para prajurit,  generasi mudha kang utama, panyaruwe/ kritik sosial, cangkriman/ teka-teki, lelucon/ humor, tontonan".

Paugeran tembang macapat wis kawengku dening guru: "gatra, wilangan/ wanda, lagu/ dhong-dhing; pedhotan". Kaindahaning  tembang  macapat iku bisa kadulu saka akehing cengkok 'model, gaya' tembang macapat (papan panggonan/ dhaerah, asmaning priyantun); anane sasmita tembang; wataking tembang macapat (nelangsa, sedhih/ susah, gumregah, wani, lan liya-liyane); purwakanthi 'persajakan, permainan bunyi' (swara, sastra, lumaksiata/ basa); tembung garba 'persandian', plutan, wancahan; daya sastra; baliswara; sandi asma; lan lelewaning basa 'gaya bahasa'; lan liya-liyane. Anggone nembangake tembang macapat kudu ngerti lan paham ing babagan: laras (Slendro pathet: nem, sanga, manyura; apa Pelog pathet: nem, lima, barang); titilaras (nada, notasi); pedhotan (kendho, kenceng); andhegan (satengahing gatra, pungkasaning gatra, punkasaning pada); gregel (andhap, hanung); luk (ndhudhuk, niba, tangi, nyeklek).

Tembang macapat lan tengahan migunani kanggo tuntunan (piwulang), tontonan (hiburan), kekuwatan, filsafating urip kang kaandharake mawa "basa sinandi, pralambang saha pasemon 'bahasa kias'; kang perlu didhudhah kanthi teliti lan premati. Tembang macapat kang cacahe ana 11 (sewelas); kang diwiwiti saka tembang Mijil tumeka tembang Pocung, pranyata makna filosofise nggambarake wiwit laire manungsa nganti tumekaning pati. Semono uga tembang tengahan kang cacahe ana 4 (papat) iku uga nggambarake piwulang tatacarane ngubur utawa ngrukti jasad utawa layon kang wis pralaya.

Sumber : MODUL PPG